dcsimg

Moluska ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Moluska (filum Mollusca, saka basa Latin: molluscus = empuk) minangka kéwan triploblastik selomata kang awaké empuk. Sajeroning filum iki kalebu kabèh kéwan empuk mawa thothok utawa ora, kaya déné manéka jinis siput, kiton, kerang-kerangan, sarta nus lan kerabaté.

Moluska minangka filum gedhé dhéwé kaloro sajeroning krajan kéwan sawisé filum Arthropoda. Wektu iki dikira-kira ana 75 èwu jinis, ditambah 35 èwu jinis sajeroning wangun fosil. Moluska urip ing segara, banyu tawar, payau, lan dharat. Saka palung bawana ing segara nganti pagunungan kang dhuwur, malah uga gampang tinemu ing saubengé omah.

Moluska disinaoni sajeroning cawang zoologi kang karan malakologi (malacology).

Ciri awak

Awaké ora nganggo sègmèn. Simetri bilateral, dumadi saka "sikil" muskular, kanthi endhas kang tuwuh warna-warna miturut kelasé. Sikil dianggo adhaptasi supaya tahan ing substrat, ndhudhuk lan ngebur substrat, utawa obah (mlaku).

Ukuran lan wangun awak

Ukuran lan wangun awak moluska iku akèh variasiné. Upamané, bekicot kang dawané mung sawatara milimèter kanthi wangun bunder lonjong. Nanging, ana uga nus raseksa kanthi wangun torpedo mawa swiwi kang dawané punjul 18m.

Strukur lan fungsi awak

Awak kéwan iki kawangun saka telung pérangan, ya iku sikil, awak, lan mantel.

Sistem saraf moluska dumadi saka cincin saraf kang duwé esofagus kanthi serabut saraf kang nyebar. Sistem pancernaané pepak, dumadi saka cangkem, esofagus, lambung, usus, lan anus.

Anatomi moluska relatif mèmper karo vertebrata. Bab iki njalari akèh ahli ngira yèn vertebrata lan moluska isih duwé gayutan évolusi. Bab iki dikuwataké uga kanthi kanyatan yèn moluska, mligi Cephalopoda, nduwé utek kang tuwuh apik lan ana kang kabukti duwé kamampuan pangéling-éling kang kuwat.

licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages

Moluska: Brief Summary ( Japonês )