dcsimg
Image of Lucilina pacifica (Kaas & Van Belle 1998)
Creatures » » Animal » » Molluscs

Chitons

Polyplacophora Gray 1821

Polyplacophora ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
Tonicella lineata 1.jpg

Polyplacophora ya iku kelas saka anggota Avertebrata kang kagolong ing filum Mollusca.[1] Tuladha kang kondhang saka kelas iki ya iku Chiton sp..

Struktur Awaké

Awaké bundher kaya endhog, tipis, lan simetris bilateral. Cangkemeé ora nambah gedhé lan anané ning endhas (anterior), nanging anusé ana ing posterior. Kéwan iki ora duwé tentakel lan mata. Permukaan dorsal awaké katutup karo mantel kang rangkepi karo kepingan kapur kang gunggungé wolu, kepingan kapur mau ngadhut serabut angsang. Kadang-kadang kepingan iku kabungkus lapisan kitin. Saluran mantel ana ing pinggiré awak. sikilé pipih lan racaké duwé ilat parut (radula).[2]

Sistem Organ

Sistem pencernaan

Organ pencernaan diwiwiti saka cangkem kang ana radulané lan untu – faring – weteng – usus alus – anus. Klanjer pencernaané ya iku hati kang langsung karo weteng.[2]

Sistem saraf

Sistem saraf kaya ali-ali esofagus lan ana loro cabang saraf kang mensarafi mantel lan laladan sikil. Ora ana ganglion kang jelas, nanging ana sel-sel ganglion ning cabang saraf.[2]

Sistem peredaran darah

Sistem peredaran darah lakunair (kabuka) tuladhané jantung, aorta, lan sinus. Getih olih oksigèn saka angsang.[2]

Sistem ekskresi

Ekskresi diproses déning sapasang ginjel kang bermuara ning arah posterior.[2]

Sistem reproduksi

Reproduksi kanthi sèksual, ya iku katemuné sel oyum lan sel sperma kang ana ing individu lanang lan wadon.[2]

Cathetan suku

  1. Buku sekolah elektronik [Anshori, Djoko Martono] (2009). Biologi 1: Untuk Sekolah Menengah Atas (SMA)-Madrasah Aliyah (MA) Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no.jil.lengkap) / ISBN 978-979-068-130-9. Priksa gandra |author-link1= (pitulung)
  2. a b c d e f [A. Pratiwi, Sri Maryati, Srikini, Suharno, Bambang S.] (2007). BIOLOGI SMA Jilid 1 untuk Kelas X Berdasarkan Standar Isi 2006. Jakarta: Penerbit Erlangga. ISBN 979-781-726-1. Priksa gandra |author-link1= (pitulung)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Polyplacophora: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
Tonicella lineata 1.jpg

Polyplacophora ya iku kelas saka anggota Avertebrata kang kagolong ing filum Mollusca. Tuladha kang kondhang saka kelas iki ya iku Chiton sp..

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia