dcsimg
Image of Halobacteriaceae
Creatures »

Archaeans

Archaea

Archaea ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Archaea (utawa Archea) iku sawijining golongan organisme sèl tunggal. Jenengé asal saka Basa Yunani: αρχαία, "kang tuwa". Jeneng liya ya iku Archaebacteria.

Archaea iku wujudé cilik, wujud organisme kang prasaja. Wiwitan tinemu sajeroning kaanan èktrim extremophile, nanging saiki dianggep umum sajeroning kandisi kang biyasa. Akèh kang bisa tahan urip ing suhu dhuwur banget (punjul 80 °C) utawa cendhèk banget, utawa ing banyu kang asem, asin banget utawa banyu alkalin. Sawetara tinemu ing geyser, black smoker, sumur lenga, lan ing samodra kang jero. Riset anyar nemu archea kang mangan amonia ing lemah lan banyu segara. Bab iki nuduhaké tansaya wigatiné peran archaea tinaimbang sadurungé.

Archaea, Eukariota lan Baktèri dumunung ana ing karajan sajeroning sistem kang béda-béda. Archaea, kaya déné baktèri, organisme sèl tunggal kang ora duwé nukleus lan amarga saka iku diklasifikasèkaké minangka prokariota — dikenal minangka monera sajeroning lima karajan taksonomi.

Rèferènsi

Wacan luwih lanjut

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Archaea: Brief Summary ( Javanese )